PERINGATAN HARI JADI DESA JENGGAWUR KE 112
02 Agustus 2023 Dwi Fatmasari 79 Kali Dibaca

ASAL-USUL DESA JENGGAWUR

  

1830.

Kacariyos Perang Diponegoro kirang langkung ing warsa 1825 engga Perang Diponegoro dumados sabab saking serik ing manah Pangeran Diponegoro dhumateng Walandi, ingkang tansah nimbrung utawi mbebarung sinang dhateng perkawis pernatan ingkang wontening Prajanipun ingkang mujudaken bumi wutah getihipun.

Sangsaya dangu sangsaya ndadra pakartinipun Walandi, saengga mboten kiyat Pangeran Diponegoro ngampah kasabaranipun, dupi Walandi utusan Patih Danurejo kinen nancebaken pathok wates badhe dipun bangun ril utawi dalan sepur, mangka nrabas papan Pasareyanipun para leluhuripun.

Perang gegempuran sampun mboten saged dipun pambengi, antawis taun 1825 ngantos tau 1826, Prajurit Diponegoro saged ngawonaken Walandi.

Walandi mbudidaya supados saged ngasoraken Pangeran Diponegoro sawadya balanipun, mila ing taun 1827 Walandi ndhatengaken Prajurit Srayan utawi Bantuan saking Sumatra lan Sulawesi, Jendral De Kock nggelar sandi perang Benteng Stelsel, lan upayanipun Walandi kasil ngringkihaken Prajurit Diponegoro, kacariyos kathah prajurit-prajurit pepethingan saking Pangeran Diponegoro ingkang kapupu gugur ing madyaning Rana Madya Laga utawi seda ing paprangan.

Wontening swasana kalindhih Pangeran Diponegoro dipun ajak Rundhingan dening Walandi ing surya kaping 8 Maret 1830 manggen ing Magelang. Jebul lampah Perundhingan menika naming karti sampeka / siasat Walandi kangge nyepeng / mbanda Pangeran Diponegoro ingkang salajengipundipun bucal dhateng makasar ngantos sedanipun.

Nalika peperangan dumados, Pangeran Diponegoro dipun biyantu dening para manggalaning Jurit ingkang pepethingan antawisipun: Pangeran Mangkubumi minangka Paranpara utawi Penasehat, Pangeran Ngabehi Jayakusuma minangka Senapati, lan Senthot Ali Basyah Prawiradirja ugi minangka Senapati Manggalaning Jurit ingkang pilih tandhing boboting aprang. Pangeran Diponegoro ugi pikantuk pambiyantu saking Para Ulama lan Para Narapraja.

Ing papan sanes salebeting Nusa/ pulo Jawa ugi tansah cancut gumregut nrenggalangi Walandi ngedu tossing balung wuleding kulit, kalebet Kyai Mojo ing Surakarta ngobaraken Perang Sabil. Setunggal ingantawisipun Narapraja ingkang sanget cinaket kaliyan Pangeran Diponegoro inggih menika Tumenggung Jogonegoro.

 

Tumenggung Jogonegoro setunggaling tokoh ingkang raket kaliyan sujarah Wonosobo.

Dinten wiyosanipun inggih menika Ahad Wage, surya 4 Agustus 1775. Panjenenganipun menika kalebet sentana Dalem ing Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat, lelabetanipun kawiwitan dados manggalaning Prajurit kanthi gelar Ngabehi Singowedono. Sabab lelabetanipun ingkang tulus Sultan tumunten hamisuda kaparingan Pangkat Bupati kanthi Gelar Raden Tumenggung Jogonegoro. Wisudan Bupati menika dumados ing jaman saderengipun Perang Diponegoro, jamanipun pamarintahan dipun asta dening Sultan Sepuh utawi Kanjeng Sultan Hamengku Buwono kaping ll.

Nalika tempuking Perang, Kanjeng Tumenggung Jogonegoro manunggal kaliyan laskar Diponegoro kanthi sandi Perang Gerilya sinambi nyebaraken Agami Islam ing tlatah Magelang Banyumas, Kebumen lan Wonosobo. Ing jejibahan menika dipun kawal kaliyan Gusti Guntur Geni.

Ing papan menika Sang Tumenggung Jogonegoro anjrah manggen engga sedanipun. Ing ari Kemis Pon 6 Pebruari 1855, sinarekaken ing Pasareyan Pekuncen Selomerto, setunggal pasareyan kaliyan para rencangi kinasihipun inggih menika Kyai Pulanggeni lan Kyai Sanggageni.

Rumiyin nalika Sang Tumenggung dumugi ing pamnggenan ingkang samenika sinebat Jenggawur, panjenenganipun tafakur utawi semedi ing sangandhapipun wit pisang ingkang wit pisamngipun ngantos kembang utawi medal jantungipun.

Tumenggung Jogonegoro kagungan putra cacah 3 :

  1. Jogo Kali utawi Jogo
  2. Jogo
  3. Jogo [pasareyanipun     wontening     Sirongge PandanarumKalibening].

Putra Tumenggung Jogonegoro ingkang asma Jogo Kali utawi Jogo Ngali kaliyan Jogo Bela ingkang salajengipun babad alas kadadosaken desa inggih menika Desa Jenggawur.

Kala semanten perang lumawan Walandi tasih lumampah. Ing sisih kilenipun Jogo Ngali sesingidan, wonten Kadipaten boyongan saking Banjar Petambakan ingkang nami Kabupaten Banjar Watu Lembu. Kaleres pangasta Bupati ing Banjar Watu Lembu menika memitran kaliyan Kanjeng Tumenggung Jogonegoro.

Putra Wali Sanga inggih menika Sunan Giri Wasiyat, Sunan Gripit, lan Nyai Ayu Sekati. Dening kang Ramanipun tetiga putra putri menika dipun dhawuhi ngumbara kangge njembaraken wawasan. Dumugi ing padhepokanipun Ki Ageng Selamanik, nglajengaken lampah dumugi ing Desa Banjar pinanggih kaliyan Ki Ageng Maliau ingkang bebadra ing Desa Banjar. Nalika wontening Desa Banjar tetiga putra Waliyulloh sami pirembagan babagan lampahipun ngumbara salajengipun Nyai Ayu Sekati kadhawuhan mertapa utawi tafakur wontening wana Sigadhung, salajengipun papan mriku dipun nameni Alas Sigadhung utawi Desa Sigadhung.

Ing sa kiduling Kadipaten Banjar Watu Lembu lan sakiduling Alas Sigadhung dipun dadosaken papan mesanggrah utawi ngaso tumrapipun tamu- tamu agung ingkang rawuh saking Keraton Surakarta, Yogyakarta lan para Priyagung saking Kabupaten Banjar Watu Lembu piyambak. Dening Tumenggung Candra Yuda sesebatan sanesipun inggih Pangeran Syarifudin ingkang miwiti utawi ingkang bebadra papan menika dipun nameni “Pasanggrahan” utawi “ Pesanggrahan”.

Panggenan ingkang paling kidul tasih awujud wana rungkud lan asring dipun dadosaken papan kangge tapa brata, nyepi, tafakur utawi medhitasi, kejawi papanipun ingkang sepi, ugi cumawis sendhang ingkang wening toyanipun minangka sesuci ing saben wanci, papan mriku ugi tempuraning lepen ageng Mrawu lan Serayu. Dene ingkang kawentar asring nindakaken tapabrata ing mriku antawisipun Dewi Nawang Wulan garwanipun Ki Ageng Tarub.

Sasampunipun Kadipaten Banjar Watu Lembu humadeg, papan mriku dipun dadosaken benteng kekiyatan kangge lumawan mengsah saking bangsa Walandi ingkang nekani sawanci-wanci. Ingkang mandhegani mboten sanes inggih putranipun Kanjeng Tumenggung Jogonegoro, prajuritipun Pangeran Diponegoro, pun Jogo Ngali lan Jogo Belo.

Papan ing sisih kilen menika dening  Jogo  Belo dipun dadosaken asrama utawi markas prajurit ngiras pantes kangge nyimpen senjata pirantining perang lan ugi kangge dhapur umum ingkang nyawisaken tetedhaning para prajurit. Mila saged ketingal engga sepriki warga ing mriku sami wasis prigel ulahing tetanean. Ngantos sedanipun Jogo Belo dipun sarekaken ing Pasareyan Binangun.

Mangsuli panggenan ing sisih wetan ingkang rumiyinn kulina dados papaning tiyang tapabrata. Ing jaman Pamarintahan Kabupaten  Banjar Watu Lembu utawi Kadipaten Sela Lembu, papan mriku kadadosaken benteng kekiyatan. Panggenan ingkang dipun pandhegani dening  Jogo Ngali, kaperang dados sekawan: 1. Sitekik, 2. Panggung, 3. Jurang lan 4. Crecetan. Sitekik papanipun pas kangge ndingkik utawi nginjen dhatengipun mengsah ingkang badhe ngrangsang Kadipaten. Panggung papanipun langkung inggil katimbang sanesipun, kulina dipun damel ajanging pirembagan sarasehan. Jurang papanipun langku andhap tinimbang sanesipun turta caket kaliyan Crecet ingkang tegesipun pas kangge masang lan ngedegaken bandera, layur, rontek lan umbul-umbul ingkang cara kinanipun sinebat Crecet.

Ing papan menika ugi Kanjeng Adipati dhawuh dhumateng Para prajurit jagi ingkang supados sami ngagengaken kaprayitnan ampun ngantos lena ing panaliti, kaduk wanter dhawuhipun, bilih sawanci-wanci wonten kekliwering tiyang sanjawining Kadipaten ingkang nyujanani utawi nyubriyani utawi malih damel semanging manah, kedah katundhung wangsul, yen mboten purun kepara kedah dipun sirnakaken utawi dipun pejahi, dipun anggepa yen tiyang wau telik sandi srayaning Walandi ingkang mados ringkihing Kadipaten. Dhawuhipun Kanjeng Bupati saestu dipun tindakaken dening para prajurit.

Kacariyos bilih Kanjeng Adipati menika trah saking Keraton Mataram Ngayogyakarta.

Nuju sawijining wanci prajurit jagi ingkang ndingkik ningali saking katebihan blegering pawestri nyandhang kaprajuritan mentas nyabrang ing kali Serayu njujug laladan Kadipaten Banjar Watu Lembu. Prayitna para prajurit mrepeki ingkang saweg lumampah. Bage-binage sang wanita ayu tur trengginas menika ngangken kadang anemipun Sang  Adipati  ing Banjar Watu Lembu. Dhasar swasananipun resah, langkung-langkung wanter dhawuhipun Kanjeng adipati ingkang mboten  kenging  gampil pitados dhumateng tiyang mbengkanane, mila lajeng para  prajurit Kadipaten nyuwun dhumateng wanita ayu ingkang ngaken adhikipun Kanjeng Adipati purih wangsul ampun nglajengaken lampah. Rinembag sarana aris tetep mboten purun, kumudu-kudu enggal pepanggiyan kaliyan kadang sepuhipun, tan wurunga dados paprangan wanita setunggal lumawan prajurit pepethingan cacah gangsal, wanita mrajurit menika estunipun prigel trampil cukat trengginas nggenipun lumawan tandhing, nanging dupi prajurit Kadipaten cacah gangsal angliga pedhang sarwi angepung saking kiblat sekawan, setunggal tamtama majeng sarwi angebaraken pedhangipun ingkang saklangkung landhep tumanduk ing gulu utawi jangganipun sang Dyahayu, breebeed,,,, gulu utawi jangganing sang putri meh pedhot, ludira rah getih muncrat mancur mawur, nuli gumebrug anggane ambruk ing lemah pejah kapisanan.

Lumantar palapuraning prajurit telik sandi, Kanjeng Adipati gegancangan tedhak ing papaning paprangan. Saeba kagyating panggalih dupi uninga jasad gumlethak tanpa nyawa ing ngarsanipun tan sanes nenggih kadangipun anem tunggal Rama Ibu saking Keraton Mataram Ngayogyakarta Hadiningrat. Sumrepet panoning Sang Adipati, dhawah kantaka utawi semaput rinoyong para prajurit. Getem-getem  wor  lan murka wuse nglilir saking madya sirna Sang Adipati, mbranang wadanane, kerot-kerot wajane kaku beku asta lan samparane,,,,, sarana linipur dening manggalaning tamtama bilih kedadosan mekaten mboten prayogi menawi

 

nglepataken prajurit, jer sedaya naming mestuti  dhawuhipun  Kanjeng Adipati piyambak. Saya dangu saya lilih murka lan sungkawaning penggalih.

Lon-lonan Kanjeng Adipati dhawuh: “kabeh kawulaku ing Banjar Watu Lembu, salokaning jagat wus ngandharake, KRIDHANING ATI TAN BISA MBEDHAH  KUTHANING  PASTHI  lan  LELAKON  MONO  ADILE  KUDU

DILAKONI. Lelakon dina iki dadekna kaca benggala. Prajuritku wis bener anggone netepi jejibahan, lan adhiku wadon  kang  kedharang-dharang mung perlu ketemu pun kakang kanggo nambani rasa kangene, kepeksa kuduuuu matiiiii dadi tumbaling lelakon.

Tugel gulu utawa JANGGAmu, muncrat MAWUR getiiiih ing lemah. kanggo pangeling-eling papan iki tak jenengi JANGGAWUR utawa JENGGAWUR”……

 

 

*Sumber Arsip Daerah Banjarnegara.

 

RIWAYAT TERBENTUKNYA DESA JENGGAWUR (1329 H)

 Sebelum   tahun   1911   wilayah   Desa   Jenggawur   dibagi   atau   masih berbunyi desa masing-masing yaitu:

  1. Desa Jenggawur
  2. Desa Pesanggrahan Kulon
  3. Desa Pesanggrahan Wetan
  4. Desa Binangun

Seiring berjalannya waktu distrik banjarmangu melalui Kawedanan Wanadadi menginstruksikan bahwa ke empat wilayah Desa ini di gabung menjadi satu wilayah dalam satu Desa yaitu wilayah Desa Jenggawur yang merupakan penggabungan dari empat desa tersebut yaitu:

  1. Desa Jenggawur
  2. Desa Pesanggrahan Kulon
  3. Desa Pesanggrahan Wetan
  4. Desa Binangun

Ini di indikasikan terjadi pada bulan juli 1911 yaitu di awali dari penggabungan satu Sekdes dengan istilah Sepokan. Dan terbentuklah Sekdes pertama di pesanggrahan yaitu Bapak Alm Sarkum. Kemudian tiga bulan setelah terbentuknya Sekdes pertama kurang lebih bulan September 1911

diadakan pemilihan Kepala Desa Jenggawur dan yang terpilih sebagai kepala Desa Jenggawur adalah Amad Ngirsad yang berasal dari wilayah Jenggawur. Jadi lengkaplah pemerintahan pertama jadinya wilayah desa jenggawur.

Dukungan Sejarah Lain

Dasar yang menguatkan lagi ketika pemerintahan Hindia-Belanda melalui Ratu Yuliana memerintahkan untuk membuat sarana irigasi Banjar Cahyana- Purbalingga yang dikenal dengan nama BTW. Di buka pada tahun 1912 Desa Jenggawur sudah terbentuk yang terdiri dari3 wilayah yaitu:

  1. Dusun Jenggawur
  2. Dusun Pesanggrahan
  3. Dusun Binangun

 

DAFTAR NAMA LELUHUR DESA JENGGAWUR

  1. Dusun Jenggawur

No.

N A M A

1

EYANG RANDIM

2

KANJENG RADEN TUMENGGUNG JOGNEGORO

3

KYAI JOGO NGALI

4

EYANG SAMBA

5

NYAI SAMBA

6

EYANG PANDE GENI

7

EYANG SLAMAN SLUMUN

8

MBAH LONGSOR ALIAS SUMA HARYO SETYA DJADI

9

AMAD NGIRSAD

10

NYAI NAWANG WULAN

11

KYAI PULUNG JAGAT (PENGAWAL KYAI JOGO NGALI)

12

KI JUGIL AWAR AWAR

13

EYANG CAKRA WANGSA

14

EYANG PANDE GENI

15

EYANG JIWANTAKA

16

NYAI DEWI SEKAR NINGRUM

 

  1. Dusun Binangun

 

No.

NAMA

1

RADEN NGABENI YUDHA MANGGALA JOYO BINANGUN

2

KI AGENG JAGA BELA

3

KI KARYA DIMEJA

4

THOHARI SUBROTO PUSPO RAHARJO

5

KI AMAD YAKUP

 

  1. Dusun Pesanggrahan

 

No.

NAMA

1

KANJENG RADEN TUMENGGUNG CONDRO YUDO (PANGERAN SAFARUDIN)

2

RADEN AYU TUMENGGUNG CONDRO YUDO (NYAI SAFARUDIN)

3

MBAH SUMARDI

4

MOH ZAENI

 

 Di tetapkan pada Musyawarah Desa Jenggawur 24 Agustus 2018

Berkas Lampiran

Silahkan tulis komentar anda
CAPTCHA Image [ Ganti Gambar ]